Ngangsu Kawruh

 

Purwaka pasinaone

Ngudi kawruh kuwi wajib ukume wiwit lair nganti satekane umur. Prakara iku sansaya nandhesake manawa ngelmu iku pancen prelu banget. Coba dibayangake, wong urip ora kang ancase supaya duwe sangu kawruh babar blas, mesthine kaya wong ing tengah segara nanging ora duwe kompas utawa piranti kanggo nuduhake arah, bakale miyar-miyur ngiwa-nengen tanpa bisa mesthekake arah uripe. Ngelmu kuwi uga bebasan kaya tekene wong sepuh.

Ing Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV saka Pupuh III Pocung nuduhake wong Jawa tumrap ngelmu. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas budi pekerti tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara. Tegese, wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha, kudu dilakoni kanthi temenan, bisa oleh sentosa lan raharja uga ngedohi kokngerten babagan angkara murka.

Ora gampang golek ngelmu, kudu cucul ragat, cucul tenaga, lan ngurbanake liyane. Jer basuki mawa beya, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudu nganggo pangurbanan, ana laku sing kudu dilakoni kanthi tumemen, ora gampang kaya malik epek-epek tangan. Kandhane Bung Karno, kristalisasi kringet, uga dilakoni kanthi iklas lan jembar dhadhane kaya segara.

Ngelmu kuwi bisa nuduhake nasibe wong. Kanthi ngelmu, wong bisa oleh gaweyan, banjur oleh dhuwit kang tansah bisa nyucukupi kabutuhan kulawarga. Ngelmu uga njalari pangaji lan pakurmatan. Saya dhuwur ngelmune, mesthi uga dhuwur pakurmatane.
Hakikate ngudi kawruh iku ngelmu, lelaku, lan pitukon. Piwulang panguripan murih sampurnaning urip (lair tumusing batin), tan kendhat kudu terus dilakoni, tundhane tinemune ngelmu sejati kang asring sinebut uga kasunyatan jati ya sejatine kasunyatan.

Murih ora kocar-kacir, pisah-cicir, lan pegat-pedhoting pamawas, wajibe jalma jroning alam bebrayan agung, sawise ninthingi bisa ngiyakini kasunyatan jati jroning golong-gilig nyawijine pamanggih. Cak-cakane, sakching kasunyatan jati kang kapethik saka lelakoning urip kita, katiti lan katata nut papan panggonane dhewe-dhewe.

Permatine naliti lan tumatane mranata, mbutuhake alus luwesing olah rahsaning manungsa. Ironing Serat Madu Rasa karyane Ki Soedjonorejo, babagan olah rasa iki kapontho dadi rong tingkatan. Madu Basa lan Madu Rasa. Madu Basa antarane ngenani sopan-santun, tata cara, lan adat. Katelune digolongake lan dimaknani minangka pranataning ilmu lan pamawas lahiriyah, arupa reroncen tata basa murih antuk manising madu. Olah rasa kaloro kang luwih kenthel rasa rahsaning batiniyah, sinebut Madu Rasa. Antarane tepa salira, tepa palupi, unggah-ungguh, tuju panuju, empan-papan, kala mangsa, duga prayoga lan lambe ati.

||Ngelmu iku kelakone kanthi laku|| Lekasane lawan kasll tegese kas nyantosani|| Setya budya pangekese dur angkara|| (Kalakone antuk ngelmu iku srana wani lelaku nglakoni lelakoning urip, kawiwitan saka kas kang ateges paring kasantosan utawa kakuwatan lair batin, kasetiyaning mring darma kanggo brasta angkara murka).

Tembang Pocung anggitane KGPAA Mangkunegara IV jroning Serat Wedhatama iki, sajatine minangka piwulang luhur. Saka tembung Wedha Utama kang maknane banyu wening, kautaman jiwaning manungsa. Intisarine Serat Wedhatama, Ngelmu Laku ambangun luhuring budi pakarti lan cures punggese dur angkara, murih sampurnaning urip, lan panguripane manungsa.

Komentar

Postingan Populer